Flickr Images

top social

Aku Kudu Bekti Marang Ibuku


Sangang wulan aku dikandung ibuku.
Gondal-gandul gondal-gandul .
Digawa nyang endi ibuku obah.
Ngadeg di banduli ngarep.
Sare ora bisa kemureb.

Genep sangang wulan aku nang kandungan ibuku.
Aku nabuh genderang perang marang ibu.
Ibuku berjuang ora eman nyawa raga.
Wis mesthi sewu lara ora dirasa.
Ceprot aku mbahar weruh sang surya.

Rasa syukur ngebaki dada ibu.
Bungah atine nglaleake rasa lara.
Ora mung samana perjuangane ibuku.
Bengi ora lali sare, awan numpuk gaweane.
Kabeh mau merga ngrumat aku.

Durung rampung perjuangane ibuku.
Saya gede saya akeh penjaluku.
Apa ya ibuku nesu? . . Ora!
Kanthi welas asih kang ora tinuku.
Ibuku tansah ngladeni aku.

Apa sing bisa kanggo mbayar ibuku.
Bandha dunya . . . ? Dudu!
Panguwasa . . . ? Dudu!
Aku saiki wis ngerti karepe ibuku.
Aku kudu bekti marang ibuku.





        Awal 2017
TK Al-Ikhlas PGRI
           Langse
Aku Kudu Bekti Marang Ibuku Aku Kudu Bekti Marang Ibuku Reviewed by Oki on Januari 28, 2017 Rating: 5

Sponsor

Diberdayakan oleh Blogger.